Rabu, 19 September 2012

PACELATHON/ WAWAN REMBUG


Wawan Rembug
Pak Bejo lan Bu Parti, garwane lagi padha ngendikan penyakit demam berdarah sing ngrembaka ing kampunge. Dheweke padha kuwatir, yen ora cepet dibrastha, bisa nenular ing kampunge. 

GATEKNA PACELATHON NGISOR IKI....!
Bu Parti
:
Pak, menika unjukanipun dipun........... rumiyin, mangke kesesa asrep lho!
Pak Bejo
:
Maturnuwun Bu, kene wedange dak..........dhisik.
Bu Parti
:
Pak, panjenengan menika lho menapa boten .............. kaliyan kahanan samenika?
Pak Bejo
:
Apa ta Bu sing di..............ake, apa babagan nyedhaki kampanye iku?
Bu Parti
:
Boten babagan menika Pak, menawi menika kemawon boten .......... kuwatos, nanging bab penyakit demam ......... ingkang nggegirisi menika lho Pak.
Pak Bejo
:
Oh babagan iku ta, ya mesthi wae ta Bu, ora mung ........... nanging banget sumelangku. Ya saiki awake ........ sing sregep resik-resik papan kiwa tengene awake dhewe lan saya tambah waspada.
Bu Parti
:
Lho nanging menawi tangga tepalih kita boten saged .........., nggih boten wonten kacekipun ta Pak.
Pak Bejo
:
Ya mulane di........ saka awake dhewe. Dakkira yen kabeh wis padha sadar marang karesikan, mengkone bakal bisa suda penyakit ............ berdarah kuwi.
Bu Parti
:
Lha menika kapan Pak?! Menapa mangke sasampunipun demam berdarah nyerang saben ...........?
Pak Bejo
:
Ya mesthine ora sah ngenteni saben ............. keserang, nanging diwiwiti nalika kabeh wong wis nduweni kesadaran marang karesikan lan iku butuh wektu suwe.
Bu Parti
:
............. ingkang manjur kangge nyegah menapa nggih Pak?!
Pak Bejo
:
............. ora ana liya sing bisa katindakake kejaba cara mau lan mesthi wae sing lara digawa menyang rumah sakit lan banjur di........... supaya saras kaya wingi uni. Lan sing wigati maneh pamarintah enggal-enggal nggatekake lan ngrampungake .......... iki.
Bu Parti
:
Kamangka ingkang kathah nandhang penyakit menika rak tiyang ............ ta Pak, kados kita menika, kangge padintenan kemawon awrat kok menapa malih kangge ........., saged-saged sadeyan siti nggih Pak?!
Pak Bejo
:
Lha ya kuwi Bu, kabeh perkara kuwi sing abot nandhang kuwi mesthi wong ............, beda karo wong .......... apa-apa bisa keturutan.

Para maos coba ganepana pacelathon ing dhuwur!